Ora
Weruh Dalane
Dina Jum’at, yaiku dina sing disenengi
bocah-bocah amarga mulihe rada isuk. Norma dina kuwi tangi rodok kawanen saka
biasane, dheweke budhal sekolah ing SMAN 1 Pare kawanen, teka sekolahan
ketepakan pas bel muni, dadi dheweke ogak telat. Ing dina kuwi pelajarane mung
ana telu yaiku basa indonesia, basa Jawa karo agama. Ana 1 pelajaran sing
gurune ora rawuh banjur Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan Suci menyang mushola
kanggo sholat dhuha. Sawise teka mushola Yanti ngejak menyang kantin.
“He
rek, ayo menyang kantin, ajake Yanti menyang kanca-kanca.”
“engko
wae sek lo, gurung oleh njajan iki, gurung ngaso, omonge Ningsih.”
“mengko
lalek ngaso kantine iku rame, teruse Yanti.”
“Yowes
ayo ngantin, mengko selak rame, ngejake Suci.”
“Yowes
ndang menyang kantin, aku tak gak melu wae, omonge Norma karo Mekar.”
Bocah papat iku mau budhal menyang kantin.
Sawise teka kantin bocah papat iku mau petukan guru agama terus dikongkon
njupuk buku agama paket ana perpus terus karo diwenehi saklembar kertas sing
tulisane tugas kanggo XII Ipa 1. Banjur tugase iku mau diomongne menyang
arek-arek kelas. Amarga tugase iku mau ogak dikongkon ngumpulake arek-arek
kelas akeh sing pada digarap ning omah wae, pas iku Norma, karo kanca-kancane
cah enem iku mau yo melu-melu ora nggarap tugas malah ngrencanakake dolan
menyang pantai. Ningsih usul yendolane menyang pantai Tulung Agung ae amarga
saiki pantaine iku lagi terkenal, ing kono pemandangane apik, pantaine ketok
biru cerah, langite ketok padhang, lan ing kono akeh batu karang sing apik gawe
poto. Ningsih iki areke patrah seneng poto, supaya ana panggonan apik dheweke
mesti ngejak rono, wes akeh rencana kepengin dolan ket kae, namung mesti ogak
keturutan amarga kakean rencana. Mekar,Luna,Norma,Yanti lan Suci setuju karo
usule Ningsih.
“Yawis,
dolan liburan sekolah iki menyang Tulung Agung ya?” takone Ningsih.
“Iyo,
nanging awake dhewe menyang wisata opo iki ning Tulung Agung?” takone Norma.
“Nyang
pantai kedung tumpang wae lo, pantaine lagi terkenal iku”. Jawabe Luna karo
Ningsih bareng.
“hyuh,
lalek njawab kompake, apik tah pantaine?” takone Mekar,
“oalah..
oalah.. pantai sing enek karange akeh iku tah?” jawabe Suci.
“Iyo,apik
to pantaine?” takone Ningsih.
“Sing
endi to pantaine, ndelok fotone aku” omonge Norma.
“Iki
lo pantaine, apik to warna banyune?” nyaute Ningsih
“Iya
iya apik, yawis kabeh setuju liburan dolan menyang pantai Tulung Agung ya?”takoke
Norma
“Iya,
setuju.” jawabe Mekar,Luna,Yanti,Ningsih lan Suci.
Bel mulih sekolah muni, arek
lanang-lanang pada menyang masjid Agung An-Nur sing ana ing ngarepe sekolahan
kanggo jum’atan, nanging ya ana sing langsung muleh amarga jum’atan ing omah.
Arek wedok-wedok akeh sing jek ana ning sekolahan amarga nglakoni pakulinane
saka kelas XI kae, yaiku ndelok film bareng-bareng ana ing kelas.
Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan
Suci iyo melu ndelok film iku mau, nanging bocah enem iku mau mesti karo crita
dhewe, ora gelem ndelok film tok. Opo meneh ningsih, ngejak omong wae
senengane. Ndelok film karo mbahas dolan menyang Tulung Agung iku mau. Ning
kene Mekar gak tau gelem melu amarga areke gak seneng dolan kayak kanca-kancane
iku mau.
Kabeh padha bingung dinane amarga ora cah 5 iku
mau tok, jek ana tambahan cah 5 maneh. Kabeh engkel-engkelan dina nggolek dina
sing kabeh iso melu. Rembugan suwi banget nanging urung ngerti dinane sing pas
gawe dolan cah 10 iku mau yen bisa melu kabeh. Amarga dina Jum’at iki wis sore
arek enem iku mau pada mulih dhewe-dhewe menyang omahe.
“Lan
ngrembugake dolane diterusake sesuk meneh wae, omonge Ningsih.”
“yowes
ayo melu, sesok meneh wae, padha goleki makmu lo we mengko rek, guyone Norma.”
Saben enek waktu nganggur bocah enem
iku mau rembukan dina gae dolan iku mau, minangkan Mekar ogak melu dolan
dheweke iyo melu ngrembugne dolane iku mau.
“oalah
kesel aku golek dina gak enek sing pas, omonge Yanti.”
“gak
usah dolan wae, dolang nang kilisuci wae lo, teruse Mekar.”
“la,
sip iku mengko lak iso budhal kabeh, teruse Norma.”
“hiih,
ya emoh.Jawabe Ningsih.”
“yowes,dirembugne
sok sakwise ulangan wae, sok senin wes ulangan lo rek, ayo pada mulih ndang
nyiapne sing gae ulangan sesok senin, omonge Luna.”
“halah,
halah koyok awakmu nyiapne tenan wae lus, hehehe, guyone Suci.”
Arek-arek iku banjur muleh amarga
bel muleh sekolah wes muni ketmau, nanging bocah enem iku mau ora krungu amarga
kenaken anggone omong-omongan. Banjur arek-arek iku mau munggah nang parkiran
kanggo njupuk sepedah. Teka gerbang sekolahan kabeh wes padha muleh menyang
omahe dhewe-dhewe.
Sepuluh dina ulangan wes kaliwat,
iki mau dina pungkasane ulangan arek enem iku banjur ngadakne rujakan ing omahe
Norma. Arek enem iku mau enek sing tuku buah, ana sing tuku krupuk, nanging
anehe apene rujakan tuku mie ayam ndisik, mie ayame dibungkus. Dadine sawise
maem rujak karo mie ayame iku mau kabeh pada kewaregen.
pungkasane dina sing pas gawe dolan
menyang pantai Tulung Agung iku mau dina minggu, nanging Yanti ogak iso melu
amarga Tofa enek acara. Oh iyo, Tofa iku arek 5 tambahan iku. Arek 5 tambahan
iku mau Zainul,Erwin,Akbar,Tofa lan Nanta.
Ing dina minggu sing wis
direncanakake. Sakdurunge wis diomongi lalek budhale iku jam 07.00 amarga adoh,
ananging dolane gak sido jam 07.00 nanging jam 08.00 amarga molor 1 jam. Amarga
omahe adoh-adoh akhire sepakat kumpul ana ing Gumul. Ing kana ketambahan 2 arek
adheke Luna yaiku Adi karo Wiwik.
Ana ing dalanan budhal ora ana sing
weruh dalane, adheke lusi iku mau nggunakake GPS. Sawise teka kuta Tulung Agung
tibake nyasar amarga ora bisa maca GPS iku mau. pungkasane mandeg ana pinggir
embong kanggo takon wong nggone pantai kedung tumpang iku endi, tibake adoh
saka panggone arek-arek iku mau, terus saiki yowis awan, wis jam setengah
sewelas. Banjur arek-arek iku mau nerusake mlakune lan mandek ing nggon sing
radak jembar gawe mandek. Mandek iku mau arek-arek pada rembukan sidone piye
iki, akhire dolane ganti menyang pasir putih. Amarga wis awan arek-arek iku mau
padha ndang nerusne mlakune menyang pasir putih.
Sawise teka pasir putih ing kana
Norma lan kanca-kancane mung ngadek nyawangi ombak, amarga ing kana mung ngunu
tok Suci ngejak menyang coro, yaiku pantai sing ya jek ana ing wilayah pasir
putih.
“he
rek, ning kene lo Cuma ngeneki, ayo menyang coro wae, ajake Suci.”
“yowes
ayo, jawabe Luna lan kanca-kancane.”
Arek-arek iku mau pindah menyang
Coro. Dalanan ing coro arek-arek iku mau kudu mlaku adoh banget kanggo sampek
ing pantai Coro. Ing kana uga disediane penyewaan utawa ojek kanggo meduk
menyang isor (Pantai Coro). Nanging arek-arek iku mau milih mlaku wae menisan
kanggo mlaku-mlaku.
Sawise teka ing Pantai Coro
arek-arek iku mau padha poto-poto nganti ora ngerti yen wis sore. Jam 14.00
arek-arek iku mau pada munggah menyang parkiran banjur mulih.