Kupu-Kupu

Kamis, 11 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa



Ora Weruh Dalane
           
Dina Jum’at, yaiku dina sing disenengi bocah-bocah amarga mulihe rada isuk. Norma dina kuwi tangi rodok kawanen saka biasane, dheweke budhal sekolah ing SMAN 1 Pare kawanen, teka sekolahan ketepakan pas bel muni, dadi dheweke ogak telat. Ing dina kuwi pelajarane mung ana telu yaiku basa indonesia, basa Jawa karo agama. Ana 1 pelajaran sing gurune ora rawuh banjur Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan Suci menyang mushola kanggo sholat dhuha. Sawise teka mushola Yanti ngejak menyang kantin.

“He rek, ayo menyang kantin, ajake Yanti menyang kanca-kanca.”
“engko wae sek lo, gurung oleh njajan iki, gurung ngaso, omonge Ningsih.”
“mengko lalek ngaso kantine iku rame, teruse Yanti.”
“Yowes ayo ngantin, mengko selak rame, ngejake Suci.”
“Yowes ndang menyang kantin, aku tak gak melu wae, omonge Norma karo Mekar.”

Bocah papat iku mau budhal menyang kantin. Sawise teka kantin bocah papat iku mau petukan guru agama terus dikongkon njupuk buku agama paket ana perpus terus karo diwenehi saklembar kertas sing tulisane tugas kanggo XII Ipa 1. Banjur tugase iku mau diomongne menyang arek-arek kelas. Amarga tugase iku mau ogak dikongkon ngumpulake arek-arek kelas akeh sing pada digarap ning omah wae, pas iku Norma, karo kanca-kancane cah enem iku mau yo melu-melu ora nggarap tugas malah ngrencanakake dolan menyang pantai. Ningsih usul yendolane menyang pantai Tulung Agung ae amarga saiki pantaine iku lagi terkenal, ing kono pemandangane apik, pantaine ketok biru cerah, langite ketok padhang, lan ing kono akeh batu karang sing apik gawe poto. Ningsih iki areke patrah seneng poto, supaya ana panggonan apik dheweke mesti ngejak rono, wes akeh rencana kepengin dolan ket kae, namung mesti ogak keturutan amarga kakean rencana. Mekar,Luna,Norma,Yanti lan Suci setuju karo usule Ningsih.

“Yawis, dolan liburan sekolah iki menyang Tulung Agung ya?” takone Ningsih.
“Iyo, nanging awake dhewe menyang wisata opo iki ning Tulung Agung?” takone Norma.
“Nyang pantai kedung tumpang wae lo, pantaine lagi terkenal iku”. Jawabe Luna karo Ningsih bareng.
“hyuh, lalek njawab kompake, apik tah pantaine?” takone Mekar,
“oalah.. oalah.. pantai sing enek karange akeh iku tah?” jawabe Suci.
“Iyo,apik to pantaine?” takone Ningsih.
“Sing endi to pantaine, ndelok fotone aku” omonge Norma.
“Iki lo pantaine, apik to warna banyune?” nyaute Ningsih
“Iya iya apik, yawis kabeh setuju liburan dolan menyang pantai Tulung Agung ya?”takoke Norma
“Iya, setuju.” jawabe Mekar,Luna,Yanti,Ningsih lan Suci.

            Bel mulih sekolah muni, arek lanang-lanang pada menyang masjid Agung An-Nur sing ana ing ngarepe sekolahan kanggo jum’atan, nanging ya ana sing langsung muleh amarga jum’atan ing omah. Arek wedok-wedok akeh sing jek ana ning sekolahan amarga nglakoni pakulinane saka kelas XI kae, yaiku ndelok film bareng-bareng ana ing kelas.
            Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan Suci iyo melu ndelok film iku mau, nanging bocah enem iku mau mesti karo crita dhewe, ora gelem ndelok film tok. Opo meneh ningsih, ngejak omong wae senengane. Ndelok film karo mbahas dolan menyang Tulung Agung iku mau. Ning kene Mekar gak tau gelem melu amarga areke gak seneng dolan kayak kanca-kancane iku mau.
Kabeh padha bingung dinane amarga ora cah 5 iku mau tok, jek ana tambahan cah 5 maneh. Kabeh engkel-engkelan dina nggolek dina sing kabeh iso melu. Rembugan suwi banget nanging urung ngerti dinane sing pas gawe dolan cah 10 iku mau yen bisa melu kabeh. Amarga dina Jum’at iki wis sore arek enem iku mau pada mulih dhewe-dhewe menyang omahe.



“Lan ngrembugake dolane diterusake sesuk meneh wae, omonge Ningsih.”
“yowes ayo melu, sesok meneh wae, padha goleki makmu lo we mengko rek, guyone Norma.”

            Saben enek waktu nganggur bocah enem iku mau rembukan dina gae dolan iku mau, minangkan Mekar ogak melu dolan dheweke iyo melu ngrembugne dolane iku mau.

“oalah kesel aku golek dina gak enek sing pas, omonge Yanti.”
“gak usah dolan wae, dolang nang kilisuci wae lo, teruse Mekar.”
“la, sip iku mengko lak iso budhal kabeh, teruse Norma.”
“hiih, ya emoh.Jawabe Ningsih.”
“yowes,dirembugne sok sakwise ulangan wae, sok senin wes ulangan lo rek, ayo pada mulih ndang nyiapne sing gae ulangan sesok senin, omonge Luna.”
“halah, halah koyok awakmu nyiapne tenan wae lus, hehehe, guyone Suci.”

            Arek-arek iku banjur muleh amarga bel muleh sekolah wes muni ketmau, nanging bocah enem iku mau ora krungu amarga kenaken anggone omong-omongan. Banjur arek-arek iku mau munggah nang parkiran kanggo njupuk sepedah. Teka gerbang sekolahan kabeh wes padha muleh menyang omahe dhewe-dhewe.

            Sepuluh dina ulangan wes kaliwat, iki mau dina pungkasane ulangan arek enem iku banjur ngadakne rujakan ing omahe Norma. Arek enem iku mau enek sing tuku buah, ana sing tuku krupuk, nanging anehe apene rujakan tuku mie ayam ndisik, mie ayame dibungkus. Dadine sawise maem rujak karo mie ayame iku mau kabeh pada kewaregen.
            pungkasane dina sing pas gawe dolan menyang pantai Tulung Agung iku mau dina minggu, nanging Yanti ogak iso melu amarga Tofa enek acara. Oh iyo, Tofa iku arek 5 tambahan iku. Arek 5 tambahan iku mau Zainul,Erwin,Akbar,Tofa lan Nanta.
            Ing dina minggu sing wis direncanakake. Sakdurunge wis diomongi lalek budhale iku jam 07.00 amarga adoh, ananging dolane gak sido jam 07.00 nanging jam 08.00 amarga molor 1 jam. Amarga omahe adoh-adoh akhire sepakat kumpul ana ing Gumul. Ing kana ketambahan 2 arek adheke Luna yaiku Adi karo Wiwik.
            Ana ing dalanan budhal ora ana sing weruh dalane, adheke lusi iku mau nggunakake GPS. Sawise teka kuta Tulung Agung tibake nyasar amarga ora bisa maca GPS iku mau. pungkasane mandeg ana pinggir embong kanggo takon wong nggone pantai kedung tumpang iku endi, tibake adoh saka panggone arek-arek iku mau, terus saiki yowis awan, wis jam setengah sewelas. Banjur arek-arek iku mau nerusake mlakune lan mandek ing nggon sing radak jembar gawe mandek. Mandek iku mau arek-arek pada rembukan sidone piye iki, akhire dolane ganti menyang pasir putih. Amarga wis awan arek-arek iku mau padha ndang nerusne mlakune menyang pasir putih.
            Sawise teka pasir putih ing kana Norma lan kanca-kancane mung ngadek nyawangi ombak, amarga ing kana mung ngunu tok Suci ngejak menyang coro, yaiku pantai sing ya jek ana ing wilayah pasir putih.

“he rek, ning kene lo Cuma ngeneki, ayo menyang coro wae, ajake Suci.”
“yowes ayo, jawabe Luna lan kanca-kancane.”

            Arek-arek iku mau pindah menyang Coro. Dalanan ing coro arek-arek iku mau kudu mlaku adoh banget kanggo sampek ing pantai Coro. Ing kana uga disediane penyewaan utawa ojek kanggo meduk menyang isor (Pantai Coro). Nanging arek-arek iku mau milih mlaku wae menisan kanggo mlaku-mlaku.
            Sawise teka ing Pantai Coro arek-arek iku mau padha poto-poto nganti ora ngerti yen wis sore. Jam 14.00 arek-arek iku mau pada munggah menyang parkiran banjur mulih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar