Kupu-Kupu

Rabu, 09 November 2016

Guyon Maton


OMONGAN BINGUNG
Ing sawijining dina ing sekolahanku, ana acara pameran sing dibuka kanggo umum. Kabeh siswa pada seneng lan repot amarga acarane iki sektas ana ing sekolahanku. Nanging ing kene Mahida lan Yeni bingung
Mahida          : “he yen.. yeennii...”
Yeni                : “apa...??”
Mahida        : “yeeennn...”
Yeni                : “apa to da apa?”
Mahida          : “awakmu ngerti gak?”
Yeni                : “gak” ( nada ketus )
Mahida          : “hiiihh.. aku ugung mari yen ngomong”
Yeni                : “salahmu.. ket mau celak celuk ae”
Mahida          : “iya iya.. kan mahida mesti salah” ( nada melas )
Yeni                : “(ngguyu) ana apa dadamahida?”
Mahida          : “ngene lo yen, aku lagi bingung?”
Yeni                : “bingung apa, gocelan kono, dwi kae lo gocelono?”
Mahida          : “adewe nggae barang-barang apik saka barang-barang elek”
Yeni                : “sek sek (mikir) barang bekas dut.. duduk barang elek”
Mahida          : “(ngguyu) ya iku lo yen pokoke ngunu”
Yeni                : “terus apa sing nggae awakmu bingung?”
Mahida          : “gak eroh, aku bingung ae.”
Yeni                : “piye to bocah iki. Mahida waras??”
Mahida          : “alhamdulillah waras, la awakmu yen? La nyangapa kok maleh takok aku waras opo gak”
Yeni               : “hiih.. bocah iki loo”
Mahida          : “la apa to yeni yenine mbk yeyen” (ngguyu cengingisan)
Yeni                : “mboh da da.. awakmu bingung apa to jane?
Mahida          : “la adewe lo gak tau ngadakne acara ngene iki”
Yeni               : “iya.. terus..?”
Mahida          : “la adewe nggae barang-barang uakeh, iya lalek payu kabeh lak gak?”
Yeni                : “terus..?”
Mahida          : “adewe ya ogak ngerti apa iya sing rene bakalan akeh”
Yeni               : “terus..?”
Mahida          : “kan ya maleh ngentekne duwit akeh lalek gak payu kabeh”
Yeni                : “iya.. terus awakmu bingung napo?”
Mahida          : “bingung ket mau awakmu jawab terus terus”
Yeni                : “jare bingung pameran, saiki malah bingung aku omong terus (guneman). Patrah mahida rodok.”

Kamis, 11 Agustus 2016

Cerkak Basa Jawa



Ora Weruh Dalane
           
Dina Jum’at, yaiku dina sing disenengi bocah-bocah amarga mulihe rada isuk. Norma dina kuwi tangi rodok kawanen saka biasane, dheweke budhal sekolah ing SMAN 1 Pare kawanen, teka sekolahan ketepakan pas bel muni, dadi dheweke ogak telat. Ing dina kuwi pelajarane mung ana telu yaiku basa indonesia, basa Jawa karo agama. Ana 1 pelajaran sing gurune ora rawuh banjur Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan Suci menyang mushola kanggo sholat dhuha. Sawise teka mushola Yanti ngejak menyang kantin.

“He rek, ayo menyang kantin, ajake Yanti menyang kanca-kanca.”
“engko wae sek lo, gurung oleh njajan iki, gurung ngaso, omonge Ningsih.”
“mengko lalek ngaso kantine iku rame, teruse Yanti.”
“Yowes ayo ngantin, mengko selak rame, ngejake Suci.”
“Yowes ndang menyang kantin, aku tak gak melu wae, omonge Norma karo Mekar.”

Bocah papat iku mau budhal menyang kantin. Sawise teka kantin bocah papat iku mau petukan guru agama terus dikongkon njupuk buku agama paket ana perpus terus karo diwenehi saklembar kertas sing tulisane tugas kanggo XII Ipa 1. Banjur tugase iku mau diomongne menyang arek-arek kelas. Amarga tugase iku mau ogak dikongkon ngumpulake arek-arek kelas akeh sing pada digarap ning omah wae, pas iku Norma, karo kanca-kancane cah enem iku mau yo melu-melu ora nggarap tugas malah ngrencanakake dolan menyang pantai. Ningsih usul yendolane menyang pantai Tulung Agung ae amarga saiki pantaine iku lagi terkenal, ing kono pemandangane apik, pantaine ketok biru cerah, langite ketok padhang, lan ing kono akeh batu karang sing apik gawe poto. Ningsih iki areke patrah seneng poto, supaya ana panggonan apik dheweke mesti ngejak rono, wes akeh rencana kepengin dolan ket kae, namung mesti ogak keturutan amarga kakean rencana. Mekar,Luna,Norma,Yanti lan Suci setuju karo usule Ningsih.

“Yawis, dolan liburan sekolah iki menyang Tulung Agung ya?” takone Ningsih.
“Iyo, nanging awake dhewe menyang wisata opo iki ning Tulung Agung?” takone Norma.
“Nyang pantai kedung tumpang wae lo, pantaine lagi terkenal iku”. Jawabe Luna karo Ningsih bareng.
“hyuh, lalek njawab kompake, apik tah pantaine?” takone Mekar,
“oalah.. oalah.. pantai sing enek karange akeh iku tah?” jawabe Suci.
“Iyo,apik to pantaine?” takone Ningsih.
“Sing endi to pantaine, ndelok fotone aku” omonge Norma.
“Iki lo pantaine, apik to warna banyune?” nyaute Ningsih
“Iya iya apik, yawis kabeh setuju liburan dolan menyang pantai Tulung Agung ya?”takoke Norma
“Iya, setuju.” jawabe Mekar,Luna,Yanti,Ningsih lan Suci.

            Bel mulih sekolah muni, arek lanang-lanang pada menyang masjid Agung An-Nur sing ana ing ngarepe sekolahan kanggo jum’atan, nanging ya ana sing langsung muleh amarga jum’atan ing omah. Arek wedok-wedok akeh sing jek ana ning sekolahan amarga nglakoni pakulinane saka kelas XI kae, yaiku ndelok film bareng-bareng ana ing kelas.
            Norma,Mekar,Ningsih,Luna,Yanti lan Suci iyo melu ndelok film iku mau, nanging bocah enem iku mau mesti karo crita dhewe, ora gelem ndelok film tok. Opo meneh ningsih, ngejak omong wae senengane. Ndelok film karo mbahas dolan menyang Tulung Agung iku mau. Ning kene Mekar gak tau gelem melu amarga areke gak seneng dolan kayak kanca-kancane iku mau.
Kabeh padha bingung dinane amarga ora cah 5 iku mau tok, jek ana tambahan cah 5 maneh. Kabeh engkel-engkelan dina nggolek dina sing kabeh iso melu. Rembugan suwi banget nanging urung ngerti dinane sing pas gawe dolan cah 10 iku mau yen bisa melu kabeh. Amarga dina Jum’at iki wis sore arek enem iku mau pada mulih dhewe-dhewe menyang omahe.



“Lan ngrembugake dolane diterusake sesuk meneh wae, omonge Ningsih.”
“yowes ayo melu, sesok meneh wae, padha goleki makmu lo we mengko rek, guyone Norma.”

            Saben enek waktu nganggur bocah enem iku mau rembukan dina gae dolan iku mau, minangkan Mekar ogak melu dolan dheweke iyo melu ngrembugne dolane iku mau.

“oalah kesel aku golek dina gak enek sing pas, omonge Yanti.”
“gak usah dolan wae, dolang nang kilisuci wae lo, teruse Mekar.”
“la, sip iku mengko lak iso budhal kabeh, teruse Norma.”
“hiih, ya emoh.Jawabe Ningsih.”
“yowes,dirembugne sok sakwise ulangan wae, sok senin wes ulangan lo rek, ayo pada mulih ndang nyiapne sing gae ulangan sesok senin, omonge Luna.”
“halah, halah koyok awakmu nyiapne tenan wae lus, hehehe, guyone Suci.”

            Arek-arek iku banjur muleh amarga bel muleh sekolah wes muni ketmau, nanging bocah enem iku mau ora krungu amarga kenaken anggone omong-omongan. Banjur arek-arek iku mau munggah nang parkiran kanggo njupuk sepedah. Teka gerbang sekolahan kabeh wes padha muleh menyang omahe dhewe-dhewe.

            Sepuluh dina ulangan wes kaliwat, iki mau dina pungkasane ulangan arek enem iku banjur ngadakne rujakan ing omahe Norma. Arek enem iku mau enek sing tuku buah, ana sing tuku krupuk, nanging anehe apene rujakan tuku mie ayam ndisik, mie ayame dibungkus. Dadine sawise maem rujak karo mie ayame iku mau kabeh pada kewaregen.
            pungkasane dina sing pas gawe dolan menyang pantai Tulung Agung iku mau dina minggu, nanging Yanti ogak iso melu amarga Tofa enek acara. Oh iyo, Tofa iku arek 5 tambahan iku. Arek 5 tambahan iku mau Zainul,Erwin,Akbar,Tofa lan Nanta.
            Ing dina minggu sing wis direncanakake. Sakdurunge wis diomongi lalek budhale iku jam 07.00 amarga adoh, ananging dolane gak sido jam 07.00 nanging jam 08.00 amarga molor 1 jam. Amarga omahe adoh-adoh akhire sepakat kumpul ana ing Gumul. Ing kana ketambahan 2 arek adheke Luna yaiku Adi karo Wiwik.
            Ana ing dalanan budhal ora ana sing weruh dalane, adheke lusi iku mau nggunakake GPS. Sawise teka kuta Tulung Agung tibake nyasar amarga ora bisa maca GPS iku mau. pungkasane mandeg ana pinggir embong kanggo takon wong nggone pantai kedung tumpang iku endi, tibake adoh saka panggone arek-arek iku mau, terus saiki yowis awan, wis jam setengah sewelas. Banjur arek-arek iku mau nerusake mlakune lan mandek ing nggon sing radak jembar gawe mandek. Mandek iku mau arek-arek pada rembukan sidone piye iki, akhire dolane ganti menyang pasir putih. Amarga wis awan arek-arek iku mau padha ndang nerusne mlakune menyang pasir putih.
            Sawise teka pasir putih ing kana Norma lan kanca-kancane mung ngadek nyawangi ombak, amarga ing kana mung ngunu tok Suci ngejak menyang coro, yaiku pantai sing ya jek ana ing wilayah pasir putih.

“he rek, ning kene lo Cuma ngeneki, ayo menyang coro wae, ajake Suci.”
“yowes ayo, jawabe Luna lan kanca-kancane.”

            Arek-arek iku mau pindah menyang Coro. Dalanan ing coro arek-arek iku mau kudu mlaku adoh banget kanggo sampek ing pantai Coro. Ing kana uga disediane penyewaan utawa ojek kanggo meduk menyang isor (Pantai Coro). Nanging arek-arek iku mau milih mlaku wae menisan kanggo mlaku-mlaku.
            Sawise teka ing Pantai Coro arek-arek iku mau padha poto-poto nganti ora ngerti yen wis sore. Jam 14.00 arek-arek iku mau pada munggah menyang parkiran banjur mulih.

Kamis, 28 Juli 2016

Cerkak Basa Jawa



BIRU DONGKER

Muncule srengenge seng nggarai aku tangi teko turuku. Kebiasaan isuk seng tak lakoni sawise tangi turu yaiku ngresiki kamar, sholat, masak, lan ngresiki omah. Sawise ngresiki omah aku langsung cepet-cepet adus lan siap sekolah. Jam 06.30 kancaku zakia wes enek nek ngarep omah. Aku langsung nggoleki ibuk lan pamit budal sekolah, yo ogak lali barang nyuwun sangu. Hhehehe
Aku lan zakia wes koncoan ket kelas VII MTs, nangndi – ndi bareng karo zakia. Onok masalah opo ae mesti crito nang gone zaika.
Aku lan zakia budal sekolah ngonthel. Biasane aku lan zakian lalek wes neng dalan lan wes dadi siji gak bakalan mandek lek prei olehe crito. Yo crito tentang sekolahe engko, tugase engko, sampek gek bengi sms an karo sopo ae lan opo ae iku dicritakno. Aku karo zakia iki wes jan plek pokoke. Selain karo zakia, aku yo akrab karo arek – arek kelas lan tonggo kelas. Aku nduwe konco akrab neng sekolahan yaiku zakia, sari, lea, ahmad, maul lan agus. Iku konco paleng akrab ku neng kelas. Agus iku konco ket TK ku sampek MTs, aku gak sak sekolah karo agus neh sakwise lulus MTs. Agus nerusake ing pondok lan aku nerusake ing SMA.
Ana dina, kelasku diwei tugas karo guru bahasa jawa. Tugas ee iku kelompokkan. Koyok biasane kelompokku iku ana zakia, novi, lea, ahmad, agus lan maul. Aku lan arek – arek nduwe rencana arepe nggarap tugas bahasa jawa iku minggu isuk neng omahku lan menisan karo sinau bahasa jawa bareng gawe nyambut Ulangan Kenaikan Kelas. Aku nduweni ide ben arek – arek sregep sinau lan ora males,  opo meneh ahmad karo agus. Cah 2 iku pancen landhep dengkul lan cupet nalare. Sakdurunge iku maul lan ahmad nduwe rencana pengen metu utawa dolan bareng – bareng ing pantai. La rencanaku iku, iyo tak turuti dolan nang pantaine pokoke ahmad lan agus kudu iso ngalahne bijiku basa jawa ing ulangan kenaikan kelas. Dadi cah 2 iku mau kudu sregep tenanan yen sinau basa jawa supaya bisa keturutan dolan ing pantaine.
Dina sabtu, aku ngomong nang gone maul rencanaku iku mau. “ul, sido pengen dolan nang pantai gak?” takokku.
“yo sido to hid, aku pengen ket kae lo wisan”, jawab maul.
“yowes, aku gelem nang pantai iku tapekno enek syarate”, omongku
“iyo, opo syarate tak turuti wes”. Jawab maul karo semangat.
“iki kan kape ulangan kenaikan kelas songo to, awakedewe kudu iso nggae agus lan ahmad ben ono ing peringkat ndhuwur opo meneh basa jawane, bijine mesti elek dhewe. Setuju opo ora ul?” ajakku
“iyo hid aku setuju iku,” jawabe maul
“iyo, sesok bocah – bocah tak omongane,” jawabku
            Banjur iku jam bel masuk wes muni, kabeh murid langsung lungguh rapi lan moco al-qur’an amarga iku wes dadi kebiasaane arek – arek MTs kene. Jam kapisan yaiku basa inggris. Arek – arek kelas ku lalek diulang guru basa inggris jarang enek seng ngrungokne, kabeh mesti dulinan dhewe – dhewe. Opo meneh cah lanang, seng ngrungokne paleng mek bocah pinter – pinter tok. Koyok ubed, totok, arip, maul. La liyane mesti rame dhewe, opo meneh arek – arek nggon ngguri pojokan sanding jendelo gak ndhuwe kapok, padahal yo uwis gelek diseneni, digepuki, dikon metu. Tapi panggah ae rame lalek wayahe pelajaran basa inggris.
            Jam basa inggris wes entek, saiki ganti pelajaran basa jawa.
            Pelajaran basa jawa iki arek – arek mesti meneng lan seneng, amarga seng ngulang iku gurune jembar segarane, dadine arek – arek seneng karo guru basa jawa iki. Saben masuk langsung bedek – bedek an lan cepet – cepetan jawab. Tapi arek – arek nggon mburi lalek diwei soal tetep gak iso njawab padal lalek diulang yomesti meneng. Sakwise bedek – bedek an, pelajaran basa jawa dilanjut materi. Basa jawa dina iki temane kekompakan kelompok. Dadine saben kelompok seng anggotane milih dhewe – dhewe iku kudu kompak anggone diskusi marang tugase kelompok dhewe – dhewe. “Bu basa jawa iki gurune sabar lan teliti anggone mbiji tugase,” jare maul.
“dadine kelompoke awake dewe kudu tenanan anggone nggarap tugase,” teruse zakia.
“Mangkane iku dina minggu seng wes direncanankne iki kudu sukses. Gak oleh dulinan lan crito – crito tok anggone kelompokan, terus gawe ahmad lan agus aku nduwe kado gawe awakmu cah loro,” jawabku gawe penasaran arek kabeh.
“kado opo hid??” takone agus penasaran
“delok ae sesok minggu, apik kok pokoke. Iyokan ul maul”, jawabku nambah nggae cah loro iku mau penasaran.
            Dina minggu agus lan ahmad teka paling ndisik ing omahku, cah loro iku sing paleng semangat anggone kelompokkan basa jawa. Padahal biasane lalek enek kelompokkan cah loro iku mau sing mesti paling males ngerjakne lan mesti nganggu, ngrusuhi lan paling seneng mbukaki smse kancane. Sakwise kelompokkan mari banjur bocah loro iku mau tak omongi opo seng wes tak janjikne ing dina sabtu iku.
“ngene lo mad, gus. Jarene kan awakmu podho iki pengen dolan nang pantai to lan aku kudu melu, iyo po gak??”,takokku
“iyo”, jawabe agus.
“nah, la ben aku melu nang pantai ikui enek syarate”, omongku
“opo syarate?, takoke ahmad
“bijimu cah loro bahasa jawa kudu apik lan kudu iso luwih apik saka bijiku, pye setuju gak?,” omongku
“la lapo kok ngunu hid?”, takoke agus
“amarga aku kepingin awakmu cah loro iku bijine iso apik - apik lan ben ogak dianggep arek liya ora pinter”, tegesku
“oalah, iyo – iyo, aku setuju”, balese agus
“la awakmu piye mad? Setuju opo ogak karo rencanaku?”, takokku
“iyo wes aku manut”, bales ahmad
“ora oleh manut, iki kudu saka atine dhewe”, omongku rodok nyentak
“iyo – iyo, aku setuju”, bales ahmad
            Banjur ngrembokne iku mau. Aku lan konco – konco nglanjutne tugas basa jawa iku. Jam 11.00 tugase kelompokku wes rampung, tapi arek – arek gurung pengen muleh, banjur dilanjutne sinau basa jawa kanggo ulangan kenaikan kelas mbesok senin seng tepate 2 minggu engkas.
            Aku, maul lan zakia mung meneng ae lan ndelok cah loro iku mau anggone sinau. Aku mung menehi tantangan bedek – bedekan sakwise sinau iku. Pertanyaanku dijawab bener kabeh karo cah loro iku. Banjur wes rampung, arek – arek podho sholat dhuhur ning langgar mburi omahe agus banjur langsung muleh nang omahe dhewe – dhewe.
.............
            Pas dina senin. Arek loro iku paleng sregep nek dikon ngerjakne tugas tur bijine yo apik – apik. Aku seneng, amarga apa seng tak karepne nang gone cah loro iku mau ben nek ulangan ora entuk remidi akeh keturutan.
            Waktu ulangan basa jawa di mulai. Kabeh arek sak kelas meneng anggone nggarap ulangan iku. Ahmad lan agus seng biasane mesti golek contekan, pas ulangan iku arek loro meneng lan katon tenanan lek nggarap ulangan. Pas karo bu basa jawa di umumne bijine, cah loro iku mau entuk biji paleng apik sak kelas. Kabeh arek sak kelas podho kaget lan aku, zakia lan maul mung ngguyu seneng.
            Waktu diumumne remidi – remidi. Bocah loro iku mau ogak entuk remidi paleng akeh meneh. Ahmad mung entuk remidi Matematika karo Biologi, lalek agus mung entuk remidi fisika tok. Aku seneng amarga cah loro iku mau iso ngalahne aku.
            Dina pas pengumuman kenaikan kelas, senajan cah loro iku mau ogak kalebu 10 besar nanging bijine cah loro iku mau apik – apik. Kabeh konco sak kelas ku padha munggah kelas kabeh.
            Wektu liburan kenaikan kelas aku ora ingkar janji marang opo seng wes tak omongne lan dirembugne bareng – bareng kae.
            Dina rabu aku lan arek – arek dolan nang pantai. Kumpule neng omahku. Aku lan arek – arek nang pantai tambak rejo sing sing ana ning blitar. Aku lan kanca – kanca rono pedahan motor dhewe. Aku goncengan karo zakia. Ahmad karo agus lan maul karo zainul. Zainul iki yo konco mts nanging beda kelas, zainul arek B. Maul ngejak zainul amarga zainul ngerti dalanne lan gawe kanca ben maul gak dhewean.
            Aku lan arek – arek budhal tekan omah jam 08.30 lan tekan pantai tambak rejo jam 11.00. perjalanane jane yo ogak adoh. Mung agus karo ahmad iku sok kemeruh dalane lan ndisik ning ngarep dhewe banjur wayahe menggok cah loro iku mau terus lan kesasar, malihe aku, maul, zakia lan zainul nggoleki cah loro iku mau. Untunge zainul ngerti lan wes apal dalan blitar amarga dheweke wes gelek nang blitar nang omahe kancane, dadine cah loro iku mau cepet ditemokne. Iku seng nggarai sui neng perjalanan.
            Aku lan konco – konco neng pantai ora suwi, mung 2 jaman tok. Amarga wektune wes sore. Aku lan arek – arek bar tekan pantai langsung nang mushola gawe sholat dhuhur. Bar sholat aku lan arek – arek leren sedilut ana mushola iku mau. Jam wes neng angka 15.00, aku lan arek – arek langsung nang parkiran lan muleh. Aku sampek ing omah jam 17.30. ana perjalanan muleh iki ahmad lan agus yo ngilang meneh, nanging karo aku lan maul dak tinggal ae, paling ya uwes eroh dalanne.
            Sesokke pas aku karo zakia nang omahe lea, ing kana wes ana novi. Jektas teka kana karo novi wes dijak ngomongne cah liya ae. Novi iki pancen tipis lambene. Biasane lalek wayahe ngaso ing sekolahan, aku mesti rodok ngedoh saka novi iku nggarai novi mesti ngurusi urusan seng guduk urusane cae lan mesti ngrasani uwong liya, amarga aku emoh kelepeatan ala. Novi sempet abang kupinge amarga gak tak jak ing pantai wingi. Aku mung njalok pangapura nang gone novi karo lea amarga gak tak ing pantai, nggarai aku yo di jak maul karo ahmad. Nanging aku yo crito piye kahanane pantai tambak rejo iku. Aku yo crito sopo ae sing melu. Sakwise muleh tekan omahe lea, zakia langsung ngeterake aku muleh amarga wes sore. Tekan omah aku langsung nyapu – nyapu banjur ados. Bar magrib aku diampiri indana amarga kapene latihan nari. Anggone latihan nari ora adoh saka omahku. Tibake indana lalek nari gandhes luwes tenan. Jare guru tarine nek nari iku kudu lobok atine lan  bening atine, amarga yen ogak lobok atine awakedhewe bisa salah kaprah lan ning ogak bening atine tariane awakedhewe gak bakalan disenengi uwong. Sakwise latian nari iku mau aku langsung muleh nang omahku. Aku ndelok hp, tibake enek sms tekan maul. Aku smsan karo maul nganti bengi amarga maul iki bocahe cagak lek. Aku gelek smsan karo maul nganti bengi – bengi lan biasane nek aku nglilir saka turuku terus aku gak iso turu maneh banjur aku sms maul tak kon ngancani. Aku karo maul iki yo gak jarang ngadu wuleding kulit, nanging panggah koncoan rukun. Tukaranku karo maul iku koyok tukarane bocah cilik. Titik – titik nesu...... titik – titik apikan maneh.
            Sesoke senen, sekolah wes masuk. Kabeh guru mesti ngongkon crito anggone preian kenaikan kelas wingi. Preian iki ora ana tugas blas amarga jare guru basa jwa iku yen arek – arek wes padha jembar kawruhe. Guru basa jawa iki senengane ngenaki atine murid – muride, opo meneh karo murid kelasku. Guru basa jawa iki paleng seneng lalek ngulang ing kelasku amarga jarene lalek ana ing kelasku iku rasane padhang jagade terus muride padhang langite lalek diulang terus arek kelasku iku bening atine lalek pethuk marang guru.
Ogak mung guru basa jawa wae seng omong ngunu. Akeh guru liya seng omong ngunu. Aku lan konco – konco sak kelasku padha bangga anggone pujiane guru – guru marang kelase awake dhewe.

RAMPUNG