BIRU DONGKER
Muncule srengenge
seng nggarai aku tangi teko turuku. Kebiasaan isuk seng tak lakoni sawise tangi
turu yaiku ngresiki kamar, sholat, masak, lan ngresiki omah. Sawise ngresiki
omah aku langsung cepet-cepet adus lan siap sekolah. Jam 06.30 kancaku zakia
wes enek nek ngarep omah. Aku langsung nggoleki ibuk lan pamit budal sekolah,
yo ogak lali barang nyuwun sangu. Hhehehe
Aku lan zakia wes
koncoan ket kelas VII MTs, nangndi – ndi bareng karo zakia. Onok masalah opo ae
mesti crito nang gone zaika.
Aku lan zakia budal
sekolah ngonthel. Biasane aku lan zakian lalek wes neng dalan lan wes dadi siji
gak bakalan mandek lek prei olehe crito. Yo crito tentang sekolahe engko,
tugase engko, sampek gek bengi sms an karo sopo ae lan opo ae iku dicritakno.
Aku karo zakia iki wes jan plek pokoke. Selain karo zakia, aku yo akrab karo
arek – arek kelas lan tonggo kelas. Aku nduwe konco akrab neng sekolahan yaiku
zakia, sari, lea, ahmad, maul lan agus. Iku konco paleng akrab ku neng kelas.
Agus iku konco ket TK ku sampek MTs, aku gak sak sekolah karo agus neh sakwise
lulus MTs. Agus nerusake ing pondok lan aku nerusake ing SMA.
Ana dina, kelasku
diwei tugas karo guru bahasa jawa. Tugas ee iku kelompokkan. Koyok biasane
kelompokku iku ana zakia, novi, lea, ahmad, agus lan maul. Aku lan arek – arek
nduwe rencana arepe nggarap tugas bahasa jawa iku minggu isuk neng omahku lan
menisan karo sinau bahasa jawa bareng gawe nyambut Ulangan Kenaikan Kelas. Aku
nduweni ide ben arek – arek sregep sinau lan ora males, opo meneh ahmad karo agus. Cah 2 iku pancen landhep dengkul lan cupet nalare. Sakdurunge iku maul lan ahmad nduwe rencana pengen
metu utawa dolan bareng – bareng ing pantai. La rencanaku iku, iyo tak turuti
dolan nang pantaine pokoke ahmad lan agus kudu iso ngalahne bijiku basa jawa
ing ulangan kenaikan kelas. Dadi cah 2 iku mau kudu sregep tenanan yen sinau
basa jawa supaya bisa keturutan dolan ing pantaine.
Dina sabtu, aku
ngomong nang gone maul rencanaku iku mau. “ul, sido pengen dolan nang pantai
gak?” takokku.
“yo sido to hid, aku pengen ket kae lo wisan”, jawab
maul.
“yowes, aku gelem nang pantai iku tapekno enek
syarate”, omongku
“iyo, opo syarate tak turuti wes”. Jawab maul karo
semangat.
“iki kan kape ulangan kenaikan kelas songo to,
awakedewe kudu iso nggae agus lan ahmad ben ono ing peringkat ndhuwur opo meneh
basa jawane, bijine mesti elek dhewe. Setuju opo ora ul?” ajakku
“iyo hid aku setuju iku,” jawabe maul
“iyo, sesok bocah – bocah tak omongane,” jawabku
Banjur
iku jam bel masuk wes muni, kabeh murid langsung lungguh rapi lan moco
al-qur’an amarga iku wes dadi kebiasaane arek – arek MTs kene. Jam kapisan
yaiku basa inggris. Arek – arek kelas ku lalek diulang guru basa inggris jarang
enek seng ngrungokne, kabeh mesti dulinan dhewe – dhewe. Opo meneh cah lanang,
seng ngrungokne paleng mek bocah pinter – pinter tok. Koyok ubed, totok, arip,
maul. La liyane mesti rame dhewe, opo meneh arek – arek nggon ngguri pojokan
sanding jendelo gak ndhuwe kapok, padahal yo uwis gelek diseneni, digepuki,
dikon metu. Tapi panggah ae rame lalek wayahe pelajaran basa inggris.
Jam
basa inggris wes entek, saiki ganti pelajaran basa jawa.
Pelajaran
basa jawa iki arek – arek mesti meneng lan seneng, amarga seng ngulang iku
gurune jembar segarane, dadine arek –
arek seneng karo guru basa jawa iki. Saben masuk langsung bedek – bedek an lan
cepet – cepetan jawab. Tapi arek – arek nggon mburi lalek diwei soal tetep gak
iso njawab padal lalek diulang yomesti meneng. Sakwise bedek – bedek an,
pelajaran basa jawa dilanjut materi. Basa jawa dina iki temane kekompakan
kelompok. Dadine saben kelompok seng anggotane milih dhewe – dhewe iku kudu
kompak anggone diskusi marang tugase kelompok dhewe – dhewe. “Bu basa jawa iki gurune
sabar lan teliti anggone mbiji tugase,” jare maul.
“dadine kelompoke awake dewe kudu tenanan anggone
nggarap tugase,” teruse zakia.
“Mangkane iku dina minggu seng wes direncanankne iki
kudu sukses. Gak oleh dulinan lan crito – crito tok anggone kelompokan, terus
gawe ahmad lan agus aku nduwe kado gawe awakmu cah loro,” jawabku gawe
penasaran arek kabeh.
“kado opo hid??” takone agus penasaran
“delok ae sesok minggu, apik kok pokoke. Iyokan ul
maul”, jawabku nambah nggae cah loro iku mau penasaran.
Dina
minggu agus lan ahmad teka paling ndisik ing omahku, cah loro iku sing paleng
semangat anggone kelompokkan basa jawa. Padahal biasane lalek enek kelompokkan
cah loro iku mau sing mesti paling males ngerjakne lan mesti nganggu, ngrusuhi
lan paling seneng mbukaki smse kancane. Sakwise kelompokkan mari banjur bocah
loro iku mau tak omongi opo seng wes tak janjikne ing dina sabtu iku.
“ngene lo mad, gus. Jarene kan awakmu podho iki pengen
dolan nang pantai to lan aku kudu melu, iyo po gak??”,takokku
“iyo”, jawabe agus.
“nah, la ben aku melu nang pantai ikui enek syarate”,
omongku
“opo syarate?, takoke ahmad
“bijimu cah loro bahasa jawa kudu apik lan kudu iso
luwih apik saka bijiku, pye setuju gak?,” omongku
“la lapo kok ngunu hid?”, takoke agus
“amarga aku kepingin awakmu cah loro iku bijine iso
apik - apik lan ben ogak dianggep arek liya ora pinter”, tegesku
“oalah, iyo – iyo, aku setuju”, balese agus
“la awakmu piye mad? Setuju opo ogak karo rencanaku?”,
takokku
“iyo wes aku manut”, bales ahmad
“ora oleh manut, iki kudu saka atine dhewe”, omongku
rodok nyentak
“iyo – iyo, aku setuju”, bales ahmad
Banjur
ngrembokne iku mau. Aku lan konco – konco nglanjutne tugas basa jawa iku. Jam
11.00 tugase kelompokku wes rampung, tapi arek – arek gurung pengen muleh,
banjur dilanjutne sinau basa jawa kanggo ulangan kenaikan kelas mbesok senin
seng tepate 2 minggu engkas.
Aku,
maul lan zakia mung meneng ae lan ndelok cah loro iku mau anggone sinau. Aku
mung menehi tantangan bedek – bedekan sakwise sinau iku. Pertanyaanku dijawab
bener kabeh karo cah loro iku. Banjur wes rampung, arek – arek podho sholat
dhuhur ning langgar mburi omahe agus banjur langsung muleh nang omahe dhewe –
dhewe.
.............
Pas
dina senin. Arek loro iku paleng sregep nek dikon ngerjakne tugas tur bijine yo
apik – apik. Aku seneng, amarga apa seng tak karepne nang gone cah loro iku mau
ben nek ulangan ora entuk remidi akeh keturutan.
Waktu
ulangan basa jawa di mulai. Kabeh arek sak kelas meneng anggone nggarap ulangan
iku. Ahmad lan agus seng biasane mesti golek contekan, pas ulangan iku arek
loro meneng lan katon tenanan lek nggarap ulangan. Pas karo bu basa jawa di
umumne bijine, cah loro iku mau entuk biji paleng apik sak kelas. Kabeh arek
sak kelas podho kaget lan aku, zakia lan maul mung ngguyu seneng.
Waktu
diumumne remidi – remidi. Bocah loro iku mau ogak entuk remidi paleng akeh
meneh. Ahmad mung entuk remidi Matematika karo Biologi, lalek agus mung entuk
remidi fisika tok. Aku seneng amarga cah loro iku mau iso ngalahne aku.
Dina
pas pengumuman kenaikan kelas, senajan cah loro iku mau ogak kalebu 10 besar
nanging bijine cah loro iku mau apik – apik. Kabeh konco sak kelas ku padha
munggah kelas kabeh.
Wektu
liburan kenaikan kelas aku ora ingkar janji marang opo seng wes tak omongne lan
dirembugne bareng – bareng kae.
Dina
rabu aku lan arek – arek dolan nang pantai. Kumpule neng omahku. Aku lan arek –
arek nang pantai tambak rejo sing sing ana ning blitar. Aku lan kanca – kanca
rono pedahan motor dhewe. Aku goncengan karo zakia. Ahmad karo agus lan maul
karo zainul. Zainul iki yo konco mts nanging beda kelas, zainul arek B. Maul
ngejak zainul amarga zainul ngerti dalanne lan gawe kanca ben maul gak dhewean.
Aku
lan arek – arek budhal tekan omah jam 08.30 lan tekan pantai tambak rejo jam
11.00. perjalanane jane yo ogak adoh. Mung agus karo ahmad iku sok kemeruh
dalane lan ndisik ning ngarep dhewe banjur wayahe menggok cah loro iku mau
terus lan kesasar, malihe aku, maul, zakia lan zainul nggoleki cah loro iku
mau. Untunge zainul ngerti lan wes apal dalan blitar amarga dheweke wes gelek
nang blitar nang omahe kancane, dadine cah loro iku mau cepet ditemokne. Iku
seng nggarai sui neng perjalanan.
Aku
lan konco – konco neng pantai ora suwi, mung 2 jaman tok. Amarga wektune wes
sore. Aku lan arek – arek bar tekan pantai langsung nang mushola gawe sholat
dhuhur. Bar sholat aku lan arek – arek leren sedilut ana mushola iku mau. Jam
wes neng angka 15.00, aku lan arek – arek langsung nang parkiran lan muleh. Aku
sampek ing omah jam 17.30. ana perjalanan muleh iki ahmad lan agus yo ngilang
meneh, nanging karo aku lan maul dak tinggal ae, paling ya uwes eroh dalanne.
Sesokke
pas aku karo zakia nang omahe lea, ing kana wes ana novi. Jektas teka kana karo
novi wes dijak ngomongne cah liya ae. Novi iki pancen tipis lambene. Biasane lalek wayahe ngaso ing sekolahan, aku mesti
rodok ngedoh saka novi iku nggarai novi mesti ngurusi urusan seng guduk urusane
cae lan mesti ngrasani uwong liya, amarga aku emoh kelepeatan ala. Novi sempet abang
kupinge amarga gak tak jak ing pantai wingi. Aku mung njalok pangapura nang
gone novi karo lea amarga gak tak ing pantai, nggarai aku yo di jak maul karo
ahmad. Nanging aku yo crito piye kahanane pantai tambak rejo iku. Aku yo crito
sopo ae sing melu. Sakwise muleh tekan omahe lea, zakia langsung ngeterake aku
muleh amarga wes sore. Tekan omah aku langsung nyapu – nyapu banjur ados. Bar
magrib aku diampiri indana amarga kapene latihan nari. Anggone latihan nari ora
adoh saka omahku. Tibake indana lalek nari gandhes luwes tenan. Jare guru
tarine nek nari iku kudu lobok atine lan
bening atine, amarga yen ogak lobok atine awakedhewe bisa salah kaprah
lan ning ogak bening atine tariane
awakedhewe gak bakalan disenengi uwong. Sakwise latian nari iku mau aku langsung
muleh nang omahku. Aku ndelok hp, tibake enek sms tekan maul. Aku smsan karo
maul nganti bengi amarga maul iki bocahe cagak
lek. Aku gelek smsan karo maul nganti bengi – bengi lan biasane nek aku
nglilir saka turuku terus aku gak iso turu maneh banjur aku sms maul tak kon
ngancani. Aku karo maul iki yo gak jarang ngadu
wuleding kulit, nanging panggah koncoan rukun. Tukaranku karo maul iku
koyok tukarane bocah cilik. Titik – titik nesu...... titik – titik apikan
maneh.
Sesoke
senen, sekolah wes masuk. Kabeh guru mesti ngongkon crito anggone preian
kenaikan kelas wingi. Preian iki ora ana tugas blas amarga jare guru basa jwa
iku yen arek – arek wes padha jembar
kawruhe. Guru basa jawa iki senengane ngenaki
atine murid – muride, opo meneh karo murid kelasku. Guru basa jawa iki
paleng seneng lalek ngulang ing kelasku amarga jarene lalek ana ing kelasku iku
rasane padhang jagade terus muride padhang langite lalek diulang terus arek
kelasku iku bening atine lalek pethuk
marang guru.
Ogak mung guru basa jawa wae seng omong ngunu. Akeh
guru liya seng omong ngunu. Aku lan konco – konco sak kelasku padha bangga
anggone pujiane guru – guru marang kelase awake dhewe.
RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar